Lirik lagu pujian setelah sholat tarawih

Robbana ya robbana
Waghfirlana dunu bana
Watsabit imanana (2×)
Ya rohman ya rohimin

Siro ing badan sempurno
Sempurnone wong ing alam kabeh
Wujud Qidam Baqo Mukholafatulilhawaditsi Qiamuhu binafsihi Wahdaniyah Qodrat  Irodat Ilmu Hayat Sama' Bashar Kalam Qodiron  Muridan Aliman Hayyan Sami'an Bashiron Mutakaliman

Insun ngimanaken malaikat iku utusane Allah kawulane Allah
Kang werno-werno rupane werno-werno ing gawene werno-werno ngibadahe
Tanpo shahwat tanpo nafsu ora bapa ora ibu ora lanang ora wadon ora zaman ora makan ora mangan ora minum jisime jisim alus bangsa luhur

Asyhadu alla ilahaillaloh
Wa asyhadu anna muhammadar rosulluloh

Anekseni ingsun setuhune ora ono pengeran kang sinembah kelawan sak benere kang wajib hukume kang mokal adame kang mesti anane anging Allah
Anekseni ingsun setuhune kanjeng nabi muhammad iku utusane Allah kawulane Allah
Kang romo syaid abdullah kang ibu siti aminah ingkang lahir ono mekah hijrah ing madinah jumeneng ing madinah gerah ing madinah sedo ing madinah sinareaken ing madinah
Bongsone bongso arab bongso rosul bongso kuraisy

Utawi yoswane kanjeng nabi muhammad iku suwidak tahun langkung tigang tahun
Utawi maknane lafat Lailahhailalloh iku makno nabi kelawan islam mongko kang andadekaken iku pengeran kang liyo saking pengeran kito kang aweh lan moho molyo
Utawi kang islamaken iku pengeran kang kuoso saking pengeran kito andadekaken, andadekaken ing alam kabeh
Yoiku aran enggon tegese aran Allah iku aran kang rohmat kang wajib hukume kang mokal adame kang mesti anane
Ora werno ora rupo ora anak ora enggon lan sing sopo wonge ngucapaken setuhune Allah iku werno rupo aran enggon mongko wong iku dadi kufur

Utawi kanjeng nabi muhammad iku pengeran kang lanang kang merdeko kang wus akil balig kang bagus rupane amencorong kahanane koyo purnomo rembulan utowo koyo srengenge kang bagus akale kang endah atine
Sidik Amanah Tablig Fatonah
Sidik bener Amanah dipercoyo Tablig anyampekaken Fatonah cerdas akale

Allohumasoli alla muhammad (2×)
Wa alla alihi wa alla alihi
Wabarik wassalam
Allohuma robi je'alhadza baladan aminan (2×)
Warzuq ahlahu (2×)
Wabarik wassalam

Komentar